NEW Model Blog Education, SBMPTN,USM,UTUL UGM,SIMAK UI ,STAN,STIS.

Tuesday, April 12, 2016

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa

| Tuesday, April 12, 2016


“ANDHE-ANDHE NGIMUT”

        Ing sawijining negara, ana desa kang arane Desa Tak Dungdung Tak Dungdung. Desa kuwi subur, makmur, gemah ripah loh jinawi.

Scene 1
(Mbok Menah lan Klenting Abang lagi omong-omongan. Mbok Menah napeni beras lan Klenting Abang mbubuti suket.)
Mbok Menah : “Aduh! Kejune boyokku iki, saben dina kudu masak, ngresiki          omah, umbah-umbah, golek duwit dewe pisan. Coba bapake              Abang ora dicaplok baya, mesti urip iki luwih kepenak.”
K. Abang    : “Coba kita dados tiyang sugih mbok, gadhah pembantu, mboten        usah repot-repot.”
Mbok Menah : “Wis lah, ewangono aku masak wae!”


SCENE  2
(Klenting Kuning marani omahe Mbok Menah lan Klenting Abang)
K. Kuning : “Kulanuwun!”
K. Abang : (buka lawang, kaget) ”Kowe sapa? Ana apa? Arep ketemu sapa?”
K. Kuning : (keweden) ”A… Ak… Aku iki wis ngumbara tekan endi-endi. Aku ora duwe omah. Ora duwe wong tuwa.
K. Abang : “Trus?”
K. Kuning : “Dadi aku pengen bisa dadi sedulurmu. Moga wae mbak sing ayu iki gelem nampa aku dadi sedulur. Mesakke aku mbakyu.”
K. Abang : (rupa ora seneng) ”Apa? Maksudmu arep nunut nang kene? Wis ora ana panggon.”
K. Kuning : ”Nyuwun tulung, Mbakyu. Aku gelem dikongkon apa wae.”
K. Abang : (mikir) ”Ah, bentuke wae wis aneh. Wis kana lunga!”
K. Kuning : “Mbakyu tulung aku, aku gelem dikongkon apa wae. Mbakyu...”
(Mbok Menah metu saka omah.)
Mbok Menah: (ngamuk) “Eh eh eh, ana apa iki? Ngganggu wong nonton sinetron ae. Ana apa?!”
K. Abang : (nyedaki Mbok Menah) “Niki lho Mbok. Ana bocah aneh arep nunut neng omahe adhewe. Mboh sapa kuwi. Marakke sepet wae.”
Mbok Menah: “Kowe sapa? Ana prelu apa nang omahku?”
K. Kuning : (kanthi rupa dimesak-mesakke) “Ngeten Mbok, kula Klenting Kuning. Kula mboten gadhah omah, badhe nunut ing mriki, kula purun diutus punapa kemawon.”
Mbok Menah: “Oalah, ngono. Mengko dhisik, aku tak rembugan karo anakku.”
 (Mbok Menah lan Klenting Abang Mlebu omah.)
Mbok Menah: “Wis, cah kuwi ditampa wae ing omahe adhewe. Mengko bisa dikongkon-kongkon. Dadi adhewe kepenak. Piye?”
Klenting Abang : “Wah, inggih Mbok. Sarujuk.”
 (Mbok Menah lan para Klenting marani Klenting Kuning.)
Mbok Menah : “Yo wis, kowe entuk manggon ing kene. Nanging kowe kudu nurut karo aku lan anak -anakku.”
 K. Kuning : (mesam mesem seneng, ngambungi tangane Mbok Menah) ”Saestu Mbok? Maturnuwun Mbok, maturnuwun.”
Mbok Menah : (Ngipatke tangane) “Ya ya, wis kana-kana. Aku arep nutukke nonton sinetron.”
 (Mbok Menah mlebu omah, ditutke Klenting Abang lan Klenting Kuning.)


SCENE 3
(Ing sawijining dina, wektu Klenting Kuning lagi nyapu lan Mbok Menah lagi nonton sinetron, ujug-ujug disela “sekilas info”.)
Mbok Menah : “Nyapu sing resik! Kuwi sulakana, bledugen kui lho!”
K. Kuning : “Nggih, Mbok.”
Mbok Menah : “Awas lek sampek ora resik! Ora usah manggon neng kene maneh!”
K. Kuning : “Nggih, Mbok.”
Mbok Menah : (lungguh ing kursi) “Wah, wayahe ndelok Sri Ngilang iki. Lho neng ndi remote? Kuning, kowe yo sing njipuk remote?”
K. Kuning : “Mbok, punika remotipun.” (duding remot sing dicekel Mbok Menah)
Mbok Menah : (mlengos, nyetel TV)
(Sri Ngilang mulai)
Penyiar tipi : “Nuwun sewu Mbok Menah, gosipe disela sedhela. Ana inpo saka kerajaan kang wigati buwanget.”
Mbok Menah :  “Lho, kok sampean weruh nak aku sing nonton tipi? Iki penyiar kok aneh.”
Penyiar tipi : “Wis tah ora usah rewel. Dirungokke dhisik wae.”
Mbok Menah : “O,  iya iya, manut manut.”
Penyiar tipi : “Tak baleni. Sugeng siyang pamirsa! Wara-wara! Diumumke kanggo kabeh bocah wadon kang isih single. Raden Andhe Andhe Imut nganakake sayembara kanggo golek wakil supaya bisa didadekake ketua PKK ndampingi Raden Andhe Andhe Imut kang nembe dilantik dadi raja anyar. Sing rumangsa bocah wadon, ayo ndang cepet ndaftar. Cukup semene sekilas inpo.”
 (Klenting Kuning melu ngrungokna)
Mbok Menah : “Cihuy! Kesempatan iki, anakku tak kongkone ndaptar. Matur nuwun ya, inpone!”
Penyiar tipi : “Sami-sami Mbok, Sri Ngilang badhe diterusaken maleh, da da bye bye.”
Mbok Menah : (kaget lan bingung) “Lho, iki penyiar kok anehe pol, bingung aku. Sri Ngilang ora penting maneh, sing penting aku kudu ngandani anakku dhisik” (bengok- bengok) “Klenting Abang! Cepet mrene, ora nganggo suwe!”
 (Klenting Abang kesusu munggah panggung. Ana sing isih nganggo rol. Ana sing isih nggawa pakanan. Ana singisih gawa anduk, lsp.)
K. Abang : “Wonten punapa to Mbok? Kaget ki lho.”
Mbok Menah : “Iki mau ana sekilas inpo nak tipi. Raden Andhe Andhe Imut nembe golek calon wakil. Wis saiki siyap-siyap. Langsung ndang lunga menyang kerajaan. Cepet cepet cepet!”
K. Kuning : “Kula (boleh) nderek?”
Mbok Menah : “Melu sayembara? Ora iso. Wes kana resik resik!”
K. Kuning : “Tapi, mbok...”
K. Abang : “Ning, Kuning! Rinio, ewangana aku macak.”
Mbok Menah : “Wes kana, ewangana Abang macak, cepet! (lungguh ing kursi)
K. Kuning : “Nggih, Mbok.” (Mlebu kamare Abang)
  

SCENE 4
K. Abang : “Cepet, gelungna rambutku! Bar iki aku meh budhal menyang kerajaan.” (disambi wedhakan)
K. Kuning : “Nggih, Mbakyu.”
K. Abang : (muter ing ngarepe kaca) “Hm, Klenting Abang, kowe ayu temenan. Aku mesti sing bakal dipilih dadi wakile Raden Andhe-Andhe Ngimut, aku lan simbok bakal dadi wong sugih lan urip kepenak.” (mesam-mesem)
K. Kuning : (arep metu teka kamar)
K. Abang : “Eh, arep menyang ngendi kowe? Rene-rene, tak pacaki dhisek!” (dipacaki ora genah)
K. Kuning : (metu kamar, menyang kali)


SCENE 5
Ing sawijining panggonan desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung, persise ing kali Bengawan Pala, ana makhluk kang ora jelas bentuke. Kaya wong, tapi ya kaya yuyu, arane Yuyu Kang Kang.
Yuyu : (laranen) “Aduh aduh! Lha dalah, iki tangan kok ora isa dijak kompromi. Nyopat nyapit karepe dhewe.” (yuyu clingak clinguk) “Kok sepi ya? Ora kaya biasane, ket sekisuk durung ana penglaris.”
K. Abang : “Wah, kok sepi nemen ya. Endi praune? Piye carane nyabrang kali nak ngene.”
 (Yuyu marani Klenting Abang)
Yuyu : “Eh eh, cah ayu arep menyang ngendi iki? Nyabrang ya? Wis tak sabrangke wae. Murah kok.” (karo pringas-pringis)
K. Abang : “Bayare pira Yu?”
Yuyu : “Wis, ora usah larang-larang. Sejuta wae. Hehe.”
K. Abang : “Lho, larange pol. Ora bisa murah? Menawa bisa malah gratis. Hehe.”
Yuyu : “Jaman saiki ora ana sing gratis. Ya wis, ora bayar ora apa-apa.. Nanging sampean kudu gelem tak gandheng nyabrang kali. Piye?”
K. Abang : “Oke. Sarujuk.”
 (Yuyu nggandheng Klenting Abang.)
(Klenting Kuning ngintip)
K. Kuning : “Wah, mbakyu wes nyebrang. Tapi sayange aku ora oleh melu.”
“Eh, tapi simbok kan ora ngerti, mending aku melu pisan ae.”
(Klenting Kuning arep nyebrang, Yuyu ngampiri.)
Yuyu : “Wah, ana cah (mikir) aneh. Arep nyabrang cah aneh? Ayo tak sabrangke wae. Kapale ora ana.”
 K. Kuning : “Ah emoh. Sampean Yuyu Kang Kang mesti ana karepe nak gelem nulungi. Aku milih muter wae liwat pinggir.”
(Klenting Kuning nyebrang liwat jembatan)
Yuyu: “Woo,  jual mahal. Ya wis karepmu Ndhuk.”
 (Yuyu ngaleh)


SCENE 6
(mbok menah lan asisten lagi ngenteni pendaftar sayembara, andhe andhe ngimut teka)
Andhe-andhe : “Mbok, pripun? Sampun pinten ingkang ndaftar?”
Mbok Randha : (kaget) “Aduh Le, simbok ya ora weruh.. Coba takon karo asisten. Kuwi wis tak bayar larang-larang sejuta setengah mben semester, kudune weruh.”
Asisten : “Mbok, sampun korupsi. Bayaran mung satus ewu kok diomong sejuta setengah. Supaya dikira sugih ya? Babagan pendaftar sampun wonten 999 Raden. Kula ingkang mangke nyeleksi calon wakile Raden.”
 (Mbok Randha mesam-mesem diuneni asisten.)
Andhe-andhe : “Ya wis, kabeh tak pasrahke kowe ten, aku percaya.”
Asisten : “Inggih Raden, siap!”
Andhe-andhe : “Yo wis, aku tak siyap-siyap dhisik.”
(andhe-andhe lan mbok randha mlebu)

SCENE 7
(Andhe-Andhe ngimut ing jero kerajaan)
Andhe-Andhe : (ngaca, benakne poni) “Mbok, sampun imut?”
Mbok Randha : “Sampean iku anake Simbok sing paling imuttt sadonya.’
Andhe-Andhe : “Ah, Mbok..”

SCENE 8
K. Abang : “Kulonuwun?”
Asisten : “Mangga, wah, cah ayu mesti arep melu sayembara ya?”
K. Abang : “Inggih Asisten.”
Asisten : “Oke, nanging ana sarat-sarate.”
K. Abang : “Wah, punapa kemawon sarate, Ten?”
Asisten : “Sarate, 1. Kudu ayu
 2. Swarane kudu apik lan bisa nyanyi,
3. Kudu melu test kasarasan lan bisa mlayu maraton
Iku kabeh aku kang bakal nyeleksi, piye? Sanggup?”
Klenting Abang : “Sanggup.”
Asisten : Sarat seng kesiji takpikir wes lulus, saiki coba nembang.
K. Abang : (nembang campursari) “………………”
Asisten : “Ya wis cukup, saiki tes pungkasan. Tes kasarasan, utawa basa Indonesiane tes kesehatan. Saiki melu aku nang lapangan. Ayo, ayo cah ayu!”
 (Asisten metu ditutke Klenting Abang.)

SCENE 9
 (Andhe Andhe Imut lan mbok Menah kerajaan)
Andhe-andhe : (lagi benakne poni, asisten mara-mara mlebu, langung sikap sok formal) “Kepriye Ten asile?”
Asisten : “Sampun wonten setunggal finalis Raden. Klenting Abang ayo mlebu!”
(Klenting Abang mlebu.)
Klenting Abang : “Raden, Mbok.”
(ora watara suwe Klenting Kuning teka.)
K. Kuning : “Kulonuwun.”
 (Kabeh padha noleh. Klenting Abang kaget.)
K. Abang : “Heh cah elek, cah aneh. Nyapa kowe mrene? Bali kana! Mesti ora pamit simbok. Nak pamit ora bakal kowe entuk mrene. Tak wadulke simbok kowe.”
Mbok Randha : “Ana apa iki? Kowe sapa nduk cah ayu? Arep ngapa?”
K. Kuning : “Kula Klenting Kuning Mbok. Kula badhe ndherek sayembara.”
Asisten : “Nanging sayembarane wis rampung Nduk. Iki arep pengumuman. Pripun Raden?”
Andhe-andhe : “Ya wis ora apa-apa. Mrenea, aku kang bakal ngetes.” (ndelengi Klenting Abang lan Klenting Kuning.) “Wah Simbok, aku emoh karo sing siji iki. Ambune ora enak, mesti tilase Yuyu Kang Kang. Aku milih sing iki wae Mbok.”
Mbok Randha : “Kabeh asil kuwi pilihanmu Le, simbok mung bisa ngiyani.” (mesem)
K. Abang : “Tapi Raden, dee elek, aneh.”
K. Kuning : “Oh, sekedap Raden.” (muter awak)
(K. Abang kaget, banjur mlayu metu)
Andhe-andhe : (tersenyum) “Nimas kang ayu, sapa mau aranmu?
Klenting Kuning : Kula Klenting Kuning, Raden.”
Andhe Andhe : “Apa sampean gelem dadi wakilku lan ketua PKK ing desa iki?”
K. Kuning : “Inggih Raden. Kula purun.”
(mbok menah gowo nampan enek nganune, digawekne andhe andhe neng klenting kuning)
(klenting abang lan andhe andhe saling tersenyum)


Akhire, Raden Andhe-andhe Imut bisa entuk wakil sing apik atine kang bakal didadekake ketua PKK kanggo mbimbing ibu-ibu lan para pemudhi ing desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung supaya bisa mandiri. Desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung dadi tansaya makmur lan kawentar ing negara iki. RAMPUNG….




Versi video bisa dilihat di sini















Related Posts

No comments: